Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana
Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong,
lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek
lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan,
terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune
sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang
pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa
banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang
elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli
pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku
ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari
sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab
menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter
banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak
Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni
pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku
marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis.
Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin.
Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak
Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)
Diposting oleh undil di 11/09/2012
03:41:00 AM
Tidak ada komentar:
Posting Komentar